HotelInfantesAgres - Tempat Tanya Jawab Pelajaran & Ilmu Pengetahuan Logo

In B. Daerah / Sekolah Menengah Atas | 2025-08-19

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan Kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. Manukmanuk pating sumliwer ing kupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan katon kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem. Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nenandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana kang nenandur janganan.
Wayah esuk ing kawasan Gunung Bromo endah banget. Ing sisih wetan katon sumamburat abang. Mbaka sethithik srengenge mencorong padhang. Sadawane sesawangan savana, suket ijo kaya dene gelaran. Embun-embun kang nelesi gegodhongan saya suwe ilang nguwap amarga srengenge tansaya panas. Wong-wong wis miwiti pakaryane. Ana sing ngiderake jarane kanggo tetunggangan para wisatawan. Ana wong kang ngiderake panganan. Ana kang mider nunggang motor tril ngiteri kawasan gunung.
Uga ana andha tumuju pucuke gunung. Ing pucuke gunung ana beluk kumebul saka njerone gunung. Sapa dolan menyang Bromo, kaya aras-arasen ninggalake sesawangan kang nyata endah dinulu mata.

Asked by muhammadzuhdi33

Answer (0)

No answers yet for this question.